Panahan anak
ꦩꦤꦃ Sonten menika, Sêtu Kliwon, 25 Jumadilakir Alip AJ 1955. Netepi kesagahan, sowan gladhi jemparingan wonten KD plataran Bangsal Kemandungan. Lare-lare sami mantuk saking layat satunggaling warga - riwe tasih dleweran. Basan ngertos kula sowan lajeng sami nyaket : _"Aku nyilih gendewane nggeh, Pak!"_ ... _"ya, kene lenggah kene. Ayo diwiwiti kanthi ndonga ndisek, miturut agamane dhewe-dhewe."_ Gladhi panahan sonten menika ketingal regeng. Ndilalah njeh wonten siswa-enggal ... Lare-lare lajeng sami ajar-mulang. Ingkang ibu-ibu njeh dipun wucal ibu-ibu sanes ipun, ingkang sampun Nate sinau nge-cul. Sengaja kita kendel kemawon, kajengipun sedaya sami sinau, mendhet tanggel-jawab nggladhi. Bibar gladhi siswa-siswi sami nglempak wonten pendapa. "Sinten sing wau jemparing.e kasil mencok neng _wong-wongan?_ Pareng mundhut bebungah!" Bocah-bocah pada surak !! Ana cah-cilik nyedak.i aku, banjur celathu : "Nek kembang-gula aku ora usah njupuk, Pak...