Panahan anak

 

ꦩꦤꦃ

Sonten menika, Sêtu Kliwon, 25 Jumadilakir Alip AJ 1955.

Netepi kesagahan, sowan gladhi jemparingan wonten KD plataran Bangsal Kemandungan.

Lare-lare sami mantuk saking layat satunggaling warga - riwe tasih dleweran.

Basan ngertos kula sowan lajeng sami nyaket : _"Aku nyilih gendewane nggeh, Pak!"_ ... _"ya, kene lenggah kene. Ayo diwiwiti kanthi ndonga ndisek, miturut agamane dhewe-dhewe."_

Gladhi panahan sonten menika ketingal regeng. Ndilalah njeh wonten siswa-enggal ... Lare-lare lajeng sami ajar-mulang.

Ingkang ibu-ibu njeh dipun wucal ibu-ibu sanes ipun, ingkang sampun Nate sinau nge-cul.

Sengaja kita kendel kemawon, kajengipun sedaya sami sinau, mendhet tanggel-jawab nggladhi.

Bibar gladhi siswa-siswi sami nglempak wonten pendapa.
"Sinten sing wau jemparing.e kasil mencok neng _wong-wongan?_ Pareng mundhut bebungah!" Bocah-bocah pada surak !!

Ana cah-cilik nyedak.i aku, banjur celathu : "Nek kembang-gula aku ora usah njupuk, Pak"

Aku mesem, banjur wangsulan: "Kene nyedak tak critani..

Nek diparingi, ditampa nggeh. Coba delengen kancamu sing durung kasil mencok, ning pengin uga entuk mbang-gula ... bebungah.e _mas Rizki_ bisa diwenehke dhewek.e. Mesthi seneng-banget." Bocah-bocah liyane pada ngguyu karo manthuk-manthuk. Dong sajak.e

"Lha PARTISARA iki nggo apa, Pak?"

Hmmm... (tak mikir 'sik)

"Ngene ya Mas, mBak... Saiki pada bali, partisara ini penghargaan saka karaton, paringna bapak LAN ibu kareben disimpenke. Kira-kira seneng-ora ya? ... "SENENG banget mesthi, Pak !" ujare bocah-bocah katon semangat.

"Nggeh, sampun. Saiki da bali, ya !"

"Nggih, pak Kris. Pamit ya, Pak!" njur bareng-bareng pada mulih.

Ana candhake ...

Postingan populer dari blog ini

Jemparingan-mataraman di Kraton Jogja [TUTORIAL 2]